Rabu, 05 Februari 2014


MOTIVASI USAHA: SASARAN
Ketiga ngarak-arak, panas banget awan iki. Nglaras neng lincak ngisor wit nongko sinambi moco koran, kelingan kletikan, cobo nek ono pas banget rasane……

Mikir kletikan kelingan mas Petruk. Ketemu mas Petruk 3 wulan wingi bareng njupuk rapot unggah-unggahan. Deweke tau ngudo roso usaha manggleng-e ajeg wae, ra maju ra mundur. Kahanane podo biyen jaman usahane dicekel wong tuwane. Karep ati pengin usahane tambah maju. Pengin duwe tenaga/karyawan 10.
Aku manthuk wae. “Kuwi apik, mas Petruk duwe krenthek maju. Nek wis ra duwe krenthek kuwi lagi masalah”.
“Lha piye to mbok Cangik wong saingane yo saking okehe”.
 “Jare wong winasis kae justru akeh saingan kuwi, mas Petruk kudu mikir piye carane ngungguli liyane”. “Ngene mas Petruk cobo critakno piye usaha sampean mlaku saben dinane”.  
“Mas Petruk gage crito kanthi semangat. Crito rampung.
 “Lha mbok saiki ngene mas Petruk, cobo di reko-reko gawe sasaran. Istilahe bisnis target. Umpamane pendak sasi ing tahun iki sampean duwe target untung roto-roto 2 yuto. Dadi pendak minggu kudu ono keuntungan 500 ewu. Keuntungan kuwi iso kecekel menowo adol umpamane 3 kuintal manggleng. Lha saiki gari golek dalan piye carane supoyo adol 3 kuintal pendak minggu. Iki roto-roto, misale minggu iki gur iso adol 2 kuintal minggu sesuk kudu iso 4 kuintal”.
“Kanthi ono target 12 kuintal pendhak wulan, mas Petruk kudu obah. Ora gur nungu brok koyo saiki. Cobo nambah sumber pasokan telo ben iso mesthekke setoran bahan baku lancar. Mubeng nawani toko-toko, warung-warung mungkin ra gur cukup neng karang tumaritis kene nanging cobo ditawakke neng karang tumapel, karang padempolan lan deso-deso liyane. Saiki ugo konsumen kritis, umpamane babagan kesehatan kletikan produksine Mas Petruk. Karono kuwi perlu golek standar kesehatan produksi ing dinas kesehatan, bungkus manggleng ki yo sing aman tur apik”.
“Wah nek ngono produk mangglengku iso mlebu supermarket yo mbok Cangik”?
Yo iso wae, nangging ra sah kesusu mas Petruk, umume supermarket po swalayan gede sifate dewe titip barang utowo konsinyasi, kuwi kurang ramah go usaha mikro opo maneh gurem koyo mas Petruk”.
Mas Petruk manggut-manggut. “Tak nyobo ngreko target penjualan manggleng setahun iki Mbok. Ben pendhak tahun ono greget lan maju usahaku”.
Mbok Cangik ngunjal ambegan karo ngolet ngiwo sithik,“hem wis koyo ngopo yo owah-owahane usaha gureme mas Petruk?”
“Nek koyo ngene kie aku wis bedo rung mbok? Wis ayu rung…….?
Seko mburi mak pendusul ujuk-ujuk Limbuk njawil mbokne…..”o pancen cah owah, get-geti wae nduk….” Kowe kie arep nengdi malah wis dandan bengesan barang, koyo ayu-ayuo…. .
“Arep kondangan ro ibu-ibu RT 1 sik…..neng gane bu Trimbil Rt 2…. Kie titip kunci omah nek mengko bojoku bali kerjo lan nyileh sandal anyarmu wingi mbok….”
“Ora lha warungmu tutup maneh? Kowe kie usaha kakean acara sing rung mesti jluntrungane, kapan lemu maju……”?