Limbukan:
Ngenget Jadah
Wah….wah…. jan kojur aku Mbok. Wong-wong kae ki do piye tho? Aku ki kurang opo?
Kowe ki ngopo tho Nduk? Teko-teko
kok gobyakan ra karuan koyo jathilan. Anakmu do rewel po piye po malah
Bapakne bocah-bocah ra kelegan mau bengi trus ngamuk-amuk, ngono po
piye?
Simbok ki piye tho ak ki jengkel tenan je. Cobo bayangno tho mbok, omahku ki kenggonan kumpulan ibu-ibu bar ngasar. Wis tak gorengke bakwan, tak gawekke jadah keporo ket mau esuk nglenik gawe arem-arem, piye anggonku mrajakke ibu-ibu kumpulanku. Lha kok tundone ra ono sing teko. Jam 5 mau bu Jiyem gliyak-gliyaak neng ngomah jare didawuhi bu ketua ngomongi nek kumpulan diundur sesuk rebo sore.
Kumpulan kok diundur-undur tho Nduk? Suwe-suwe iso mlebu ngeleng lho.
Po yo klakon tak ngeti panganan pirang-pirang kae!
Lha mau rak yo diamperke kene sisan ben ra rasah ngenget....?
Nyo gilo tak gawakke!....
Ngene
lo Nduk jeneng kumpulan po organisasi kuwi ibarat bungkusan sing kok
kekke aku iki. Ono bungkus lan isine. Nek isi ra dibungkus do wutah ning
suwalike nek kowe gur ngei aku bungkus tanpo isi po yo tumon?
Piye tho, maksude piye je Mbok?
Kumpulan
kuwi ibarat bungkusan, kerdus, iso diumpamakke ugo kumpulan kuwi koyo
omah. Dadi kudu ono penguruse, administrasine lan aturane. Telu kuwi
soko gurune. Nek wadah wis
ngadek jejek lagi mikir isine wadah. Mestine pengurus lan anggota duwe
agenda po jadwal sing disepakati, kegiatan-kegiatan go ngajoke
perkumpulan lan anggota ugo diskusi babagan permasalahan-permasalahan
sing ono.
Babagan
bungkus mau, pengurus mboh kuwi ketua, sekretaris po bendahara kudu
nggarap gaweanne dewe-dewe jo ngasi sak uwong ndobel gawean pengurus
liyane. Administrasi ugo mestine ono, administrasi
kegiatan gampangane notulen lan administrasi keuangan utowo buku kas.
Aturan kelompok ki jo gur di eling-eling ning ditulis rapi nek perlu
ditandatangi kabeh pengurus lan anggota. Perlune aturan ben kuat, wujud
soko kesepakatane kabeh anggota. Kejobo kuwi ojo ngasi ono siji wae
anggota perkumpulan ra ngerti aturan kelompok. Nek kuwi wae durung ono
neng kumpulanmu yo ojo gumun nek kumpulan wae do ra mangkat. Piye nduk?
Nduk?.... Lha kok malah meneng wae, ngerti po ngantuk?
He….? Lha yo kudune ngono ning jadahku trus piye mbok?
Lha yo dinget …. !
Tidak ada komentar:
Posting Komentar